Rupa-Rupa Manungsa
(Cerkak
karipta dening Eki Putranto Wibowo)
Preinan
isuk iku aku lagi mbukak warung, terus resik-resik. Gang sediluk, ono Mbah-mbah
areptuku, clingak-clinguk clingak-clinguk, banjur tak takoni.
“Pados punopo mbah?”
“Le......!!! Tuku udut le.......!!!”
“Sesse nopo nggeh Mbah?” Takonku.
“Biasa....... Layar Mas loro le......!!”
Jawabe.
Aku terus njupukke rokok Layar Mas
loro, terus tak wehke Simbah mau. Banjur tak wehke aku terus diwenehi duwit
rongewu anyar gris sisan,terus duwit iku tak lebokke slorokan warung. Tak
ingat-ingeti Mbah iku ra ndang gage ngaleh, aku terus diingeti, malah dadi
inget-ingetan.
“Lo........
! Susuke endi re le.....?!?”
“Artane
Panjenengan jangkep re Mbah.....”
“Pas...
Pas.... arep korupsi kowe le....., masaem aku iso piye mbok bliduki?!” Omonge
karo ngempo-ngempo.
“Saestu
Mbah..... niki lo artane Panjenengan rongewu anyar gris sisan”. Karo tak
dudohke duwite.
Duwit
iku terus dicekeli Mbah iku, terus didelak-deloki, diwolak-waliki.
“Iki
ki duwit rongpuluhewu le......!!! Wong aku bar diweki bojoku maeng le.....!”
Ngeyel.
“Bojone
Njenengan ngendika artane pinten Mbah?”
“Gak
ngerti..... alah pokoke aku susuki!!” Mekso-mekso.
Aku
terus mlebu omah karo nyelok Pakne Yeyen.
“Dhe....
je’e kae atasi Dhe! Ono wong stres anyaran menowo, perkoro duwit kok col dek
mau ra bar-bar”.
Pakne Yeyen terus nemoni Mbah iku.
Pas ditemoni Pakne Yeyen, Mbah iku koyok grogi.
“Enten nopo Mbah..?” Takone Pakne
Yeyen.
“Niki lo aku tuku kok ra disusuki”.
“La artane Njenengan pinten Mbah?”
“Rongpuluhewu jere Bojoku!!!”
“Rongpuluhewu kuwi nole pinten nggeh
Mbah? Nek artane Njenengan niki nole namung telu utawa mok rongewu thok
thil!!!”
“O....... ngono toh le? He...he....
lagi ngerti aku le, nek nol telu kuwi rongewu toh le.... he..he..he...” Mbah
iku terus ngaleh karo pringas-pringis, mikir jumlahe nol paleng.
Bar do debat akhire sing menang
Pakne Yeyen.
“Wo... alah.... alah.....
Mbah.....Mbah singo kowe Mbah!” Batinku.
Maklum dino iku pancen lagi
anyar-anyare duwit rongewu. Jarang wong do ngerti utawa nduwe.
Bar kejadian iku aku nerusno
resik-resik warung, noto-noto barang, lan liya-liyane.
Banjur wis rampung
resik-resik warung, noto-noto barang, aku terus leren sedelo, njungok ning
sak-sakan trigu karo nyelehno sirah ning mejo, terus merem sedelo. Gang pirang
menit ono wong nyelok.
“Mas..... Mas..... tumbas
Mas.....!!”
Aku langsung glegah tangi. Roh-roh
ono cewek wuayu.... seksi pisan, kathokke sak pupu, kaosse methet, kulite
putih. Batinku,
“Woalah....
yo... yo... merem sedelo kok wes diweki tontonan kanggo cuci mata uhuy......!!!
Hmmh..... hmmh..... moto maune riyip-riyip ngantuk langsung dadi padhang ples
tambah rangsangan sisan.... he...he...he....!”
Aku
tangi terus cewek mau tak takoni,
“Pados
nopo nggeh Mbak?”
“Nganu
Mas.....!”
“Nganu
nopo nggeh Mbak?”
“Nganu
Mas tumbas roti!” Jawabe.
“O.....
roti, monggo Mbak milih piyambak!
“Ogak
roti ngeneki Mas! Sing adahe pink iku lo!”
“Entene
werna abang niku Mbak! Nopo roti liyane niki?!”
“Niku
lo Mas..... sotek... sotek.... !”
“E....
e.... alah Mbak-mbak, omong ngono col ndek mau rak ora kesuwen!”
“La
pancene aku pengen suwe-suwe kok Mas!”
“La
kenopo toh Mbak kok pengen suwe-suwe?”
“Aku
pengen suwe-suwe karo sampeyan kok Mas.... he... he....!”
Awakku
rasane malah dadi adem panas. Bar omong-omongan iku mau, cewek iku terus tak
doli. Bar tak doli, aku emboh-emboh noto roti, tak lirak-liriki, cewek kuwi yo
malah ngliriki aku, malah dadi lirik-lirikan.
“Nopo
mboten wangsul Mbak?” Takonku.
“Mas
guanteng deh....!!!”
“Wes
suwe Mbak....! Batinku.
Awakku
tambah soyo adem panas, ndredeg, getih rasane mengisor mendhuwur, mengisor
mendhuwur. Akhire cewek mau ngaleh, bar ngaleh awakku rasane lemes.
“Alhamdulillah
ya ALLAH akhire cewek iku wes ngaleh, ra ngaleh iso-iso aku malah semaput
he..he...he...!” Batinku.
Wektune
wes Sore, aku terus menjobo arep nyapu latar. Lagi nyandak sapu, roh-roh ning
ngarepku ono cewek maneh. Cewek iku terus mandengi aku, aku yo mandengi
dheweke, malah dadi pandeng-pandengan. Awakku mulai adem panas maneh, awak dadi
nggedher kabeh, aku ra wani nyedaki terus aku mlebu omah arep njupuk ikrak nggo
ngeruk larahan ning latar. Bar iku aku metu maneh dadakman cewekke wis ngilang.
Wektune
wis Surup, warunge terus tak tutupi. Wayah Wengi aku terus istirahat lan mapan
turu.
Esukke
aku tangi maneh karo mbukak warung. Urong bar ngetok-ngetokno barang-barang,
wis ono cewek-cewek meneh, tapi iki ijeh cilik, paling cah sak SMPnan. Tapi iki
ora do sekolah tapi do dadi penyanyi.
“Mas
tumbas Mas....!!”
“Tumbas
nopo Dhik?”
“Nganu...
emmhh... tumbas aqua botol tanggung sekawan Mas!”
Terus
tak doli terus tak takoni,
“Sampeyan
cah ngendi Dhik?”
“Aku
cah Pati Mas, arep manggung ning Mboto iki lo..!” Jelassane.
“O....
ngono toh Mbak...!!??”
Bar
tak doli cewek iku ngaleh. Gang sediluk ono wong rambute dowo, langsing sisan.
Bareng mlengak we.. e..e.. malah wong lanang bosse cah penyanyi mau arep tuku
rokok. Bar tak doli aku terus resik-resik warung maneh.
Wayah
Bedhug-bedhug, roh-roh ono “Glonthangan” botol, aku terus nggoleki sumbere
glonthangan mau. E...e.... ladalah dadakman ono “wong bento”. Aku mblayu terus
nyelok Pakne Yeyen.
Banjur
Pakne Yeyen metu, wong bento iku diseneni, terus ngaleh nggowo watu, botol lan
barang- barang sing ra nggenah liyane koyok “wong bento”, tapi botole di jaluk
Pakne Yeyen mergo iku dagangan.
Wayah
rodok Sore iku ono maneh wong tuku, wonge meteng tuwek tapi ijek cilik sak cah
SMPnan menowo. Terus tak doli, bar tak doli wong iku mulih tanpa bojone, paling
iki akibate nglakoni maksiat. Janjane mesakke, ikulah menungsa, ono sing
kelakuane becik yo mesti ono sing kelakuane ala. Ono sing gantheng utawa ayu yo
mesti ono sing elek rupane. Kabeh menungsa kuwi rupa-rupa, ora ono sing
sampurna.
Menungsa
kuwi “Menus-menus Kakeyan Dosa”.
Komentar
Posting Komentar